20 November 2016

Nggo pengemut emut

_*Nasehate Ustadz DR.Safiq Riza Basalamah, MA hafidzhullah*

*💥APA SIH SING DADI UKURAN SUKSESE WONG UMAH UMAH?💥*

Sebagean penginyongan nduwe pinemu utawa anggepan nek wong umah umah kuwe teyeng darani sukses angger wis duwe rong perkara yakuwe :

1) Duwe anak sing akeh,

2) Dunya bandhane akeh.

Apa kaya kuwe?

Ningen nek menurute islam lan kenyataan jane ya ora kaya kuwe leh

Ora ngandel? Kiye buktine :

1.Bale somaeh  'Aisyah Radhiallaahu 'anha ora deparingi anak turun...

apa mbanjutan dhewek ngomong nek bale somah kuwe ora tentrem? Ora begja? Ora bungah?

2.Bale somaeh  Fatimah Radhiallaahu 'anha mlarat pisan babagan dunya branane.

Saking mlarate Fatimah tau nahan kencot ngasi pirang dina ngantekan raine pucet kuning?

Banjur apa dhewek wani ngomong menawa bale somaeh dheweke meh bae bubrah? *YA JELAS BAEN ORA MBOKAN?*

Malah lanange dheweke (Fatimah) kuwe salah sewijine calon warga suwargane Gusti Allah Ta'ala
Masyaa Allah...

BENER, dadine wong wadon aja gemampang njaluk pegatan maring wong lanang mung sebab perkara perkara kaya sing neng dhuwur.
SEBAB ummahatul mukminin ora tau ngabot ngaboti lanange nganggo omongan sing ora apik

Semana uga dadine wong lanang aja gemampang ngomong *"Nyong ora duwe dunya, nyong ora pantes nggo ko hey bojone inyong..."*

Innalillaahi wa inna ilayhi rooji'un...

Ngerteni hey wong lanang, omongan kuwe toli malah wegah de rungu neng wong wadone rika padha.

Sebab para sahabate kanjeng Nabi ora padha nduweni sifat pungkes pengarepan.

*UKURANE UMAH UMAH SING SUKSES kanggone wong islam yakuwe*, *SEWISE NINGKAH, DHEWEKE* :

1. *Dadi tambah TAQWAne dheweke maring Gusti Alloh سبحانه وتعالى*

2. *Dadi tambah AMALAN2 SUNNAHe dheweke.*

3. *Dadi tambah SABARe maring sekabehe taqdire Gusti Alloh.*

4. *Dadi tambah semangate nekani majelis2 'Ilmu Allah.*

5. *Dadi tambah WEDIne sebab ngemut emut dina dheweke bakale pisah lan ngadhepi sidange Gusti Alloh sing adil.*

6. *Dadi tambah pengarep arepe wong sakeloron maring Gusti Alloh kon sangkane bisa mlebu lan de ningkahaken maning neng suwargane Gusti Alloh سبحانه وتعالى  ora nganggo hisab...*

Masyaa Allaah,
BaarakAllaahu fiikum

*De terjemahna secara bebas neng Ramanefatih sekang grup WA mesjid taqwa kebondalem kirimane ustadz Machfulyono*
               ___🍃🕋🍃_

09 November 2016

Kampung KB, Kabe Kabeh “KaBe”....



Kampung KB, tembung kuwe sing siki dadi trending topic cara bocah gaule utawa kembang lambe cara wong penginyongane. Meh saben wektu neng balai penyuluhan, neng kumpulan kader lan uga neng Bapermaspkb Kampung KB dadi bahan dopokan utawa diskusi sing paling buket. Ana sing semangat mbahas kapan mbentuk pengurus lan launchinge, ana sing mumet mikir anggarane, ana sing bingung mbuh sekang endi mulaine lan ana uga sing wis mulai mikir kepriwe kelanjutane Kampung KB tembe mburine. Sing jelas Kampung KB siki wis ora bisa ucul sekang pedinane PLKB lan wong sing perduli program KB. Gelem ora gelem Kampung KB kudu sukses lan nggawa kasil kanggone program KB neng njerone nyejahterakna masyarakat.
Jan jane kepriwe sih sing dekarepna sekang anane kampung KB? Nek miturute piterang Kabid KB – KS, Slamet Hartono,SH wektu kegiatan “Pelatihan RR & Penyusunan Profil Kampung KB” neng Pendhapa Soepardjo Roestam Kecamatan Sokaraja winginane (27/10) kampung KB nduweni tujuan utama yakuwe ngrembaka utawa memasyarakate program KB neng njerone kauripan warga masyarakat kaya wektu jaman jaya jayane KB. Liwat kampung KB dekarepna bisa ndadikaken masyarakat duwe krasa lan rumangsa maring penting lan mampangate program KB. Sekabehane kegiatan masyarakat apa bae leading sectore sebisa mungkin de ubungaken karo program KB.
Siki mbarang wis akeh Kampung KB sing wis de bentuk lan de acarani pencanangane banjur arep kepriwe? Kuwe pitakonan sing wajib de jawab nganggo tindhakan nyata neng kaum penginyongan sing perduli program KB. Dhewek duwe kewajiban nganakna utawa nglanjutna kegiatan – kegiatan kemasyarakatan sing bisa denggo dadi sarana nyuksesna program KB. Mulai endhang endhong lan incang inceng maring dinas lan sektor liyane mbok sapa ngerti ana program sing bisa di sinergikena karo program KB. Silaturahime karo tokoh masyarakat lan tokoh agama sing dadi panutan warga kampung KB uga de sregepi lan dikerepi kon sangkane dheweke tambah gethel goli mbantu masyarakatna program KB maring warga. Advokasi maring Pemerintah Desa aja de kelalenna ben kebijakan pembangunan sing de tokna ndhukung lan nyengkuyung anane kampung KB sekegiatane. Pokoke kabeh polah lan kegiatan sing bisa dadi sarana nggo nyuksesna program KB ngadu lewih de unggahna kualitas lan kuantitase neng kampung KB
Minangkane program, kampung kb ngadu bisa de ukur kasil lan perkembangane. Lha sing bisa nggo ngukur yakuwe liwat anane Pencathetan lan Pelapuran sing delakoni kanthi tertib lan rutin. Lapuran sing de gawe kudu sesuai karo kahanan senyatane supaya bisa denggo ngevaluasi lan nemtokna langkah kingarepe maring kampung KB sing delpurna. Siki wis ora jamane gawe lapuran sing de gawe gawe nggo nyenengna sing duwe gawe walopun menggoke ngiwe. Siki jamane lapuran jujur senyatane ben apik tembe mburine.
 
(Ramanefatih)

30 Oktober 2016

Anake rika tiru sapa?

Kaya kuwe cokan krungu pas agi dhewek duwe anak ndilalaeh agi mandan angel domongi utawa gawe gela mangkele wong. Jan jane pertakonan kaya kuwe bena ketone sepele jebul ya nek miturute para ahli sing cokan nliti utawa ndopok babagan pendidikan anak ya bisa de teorikna leh. Jerene (eh kiye si mung jerene, percaya ya ngonoh, ora ya ngeneh) karakter utawane sifating anak kuwe de tentokna sekang patang perkara yakuwe :

  1.  Sapa sing pertama dhewek ngajari utawa dekenal neng si anak. Umume ya wong tua karone (utamane ya si biyung) sing pertama tama ngajari utawa nyontoni si anak. Dadi aja kaget nek rika ndilalaeh bendinane nyontoni sing ora maen maring si anak terus siki kuwe bocah tiru rika tumindak sing ora maen. Mula kuwe dhewek dadine wong tua ya sebisa mungkin aweh conto sing apik maring si anak kon sangkane dhewek ora ngajog tembe mburine mengko.
  2. Sapa sing lewih sering ngajari utawa nyontoni maring anak. Dhewek dadi wong tua mungkin sebisa bisa si ngajari sing apik apik tapi jebul ana perkara liya sing juga gedhe pengaruhe maring si anak yakuwe sapa sing lewih sering ngajari utawa aweh contoh maring si anak. Biasane nek neng penguripan kota, bocah lewih sering srawung karo rewang utawa baby sitere tenimbang karo wong tuane mulane tindhak polaeh ya niru rewang utawa baby sitere tenimbang niru wong tuane.
  3. Sapa sing paling nyenengna goli ngajari utawa nyontoni. Biasane bocah lewih seneng nyonto utawa niru sapa sing cara ngajari utawa nyontonine lewih nyenengna.
  4. Sapa sing lewih depercaya ganing si anak. Terutama neng mangsa mangsa remaja bocah lewih seneng nyonto maring kanca batir sing depercaya tenimbang maring wong tuwa apa gurune.
Kuwe mau seperangan faktor sing duwe ppengaruh maring sifat karaktering anak. Mula aja padha kur padudon nek anake rika siki tingkah polaeh ora kaya sing dekarepna rika. Jajal de clinguk maning larah larahane anak bisa kaya kuwe.....

(De jukut secara bebas sekang materi penyuluhan pendidikan anake penyuluh kb)

Ora olih srandhalan neng kuburan

Kiye dalil de sunahnane nyopot srandhal pas ngambah kuburan, kaki ninine dhewek gemiyen ya jane cokan aruh aruh kon aja srandhalan pas maring kuburan, jebul ya ana haditse leh sedulur...


Deriwayatna sekang sahabat Basyir anake Khoshosiyah, deweke ngomong : "Nalikane nyong mlaku bareng karo Rosululloh, ana wong liwat lan mlaku neng kuburan nganggo srandhal, lha terus Rosululloh aruh aruh : hey wong sing duwe srandhal , copot srandhalmu !!!, wong mau mbanjur nylinguk, mbarang ngerti kuwe Rosululloh sing aruh aruh, dheweke langsung nyopot lan mbuang srandhale"

(Hadist Riwayat Abu Dawud, de shohehna neng Syeh Al Albani)

11 Juli 2014

Quick Count

nyong tah jane ora patiya gumun banget yakin mbarang siki krungu jere akeh pengamat sing meragukan kasil Quick Count kasil pilpres. jere ora independen lan sarat kepentingan lan thethek mbengek liyane. lha kawit jaman tembe slenthang slentheng arep mangsan pilpres be nyong wis ora patiya percaya nemen nemen maring kasil survey sing mesthine menurut pemikirane inyong sing cendhek ya ana mangsud dan tujuan tertentune leh. mol sih ana wong gelem geleme uthak uthek bedigas bedigis survey ning ora nana karepe. minim minime nek jere wong ndesane nyong tah, krigan be nek langka medange be wegah apamaning kiye anu sing jelas angel di arani krigan. jajal si ngonoh nek gelem rika tek jaluki tulung kon survey kira kira nek bar tangi turu wong penginyongan nyekel apa disit?. nek ora ya njajal tek bayar mangewu tapi rika kudu ngetung kacang ijo se rinjing ana pirang blinthi?. nek rika lagi mandan waras uteke ya ndean mesthine wegah ya.. lha siki balik maning maring lembaga survey, mol si rika esih percaya nek lembaga lembaga kae anu sejenis karang taruna sing apa apa modale kesambat. kae anu padha padha wong ngempani anak bojo leh lur, perlu mangan perlu urunan. dadi nek menurute nyong kasile kayangapa baen ya sebisa mungkin nyenengna sing mbayar leh, aja percaya nemen nemen

16 Maret 2013

Kayong Tembe Wingi

Jan ora krasa ternyata wis rong taun lewih inyong sekeluwarga manggon neng pulo Bangka. Kayong tembe wingi numpak travel sekang jember maring surabaya ngantekan bocahan padha mutah mutah gara gara travele ngebut ngudag wektu tekan surabaya. esih kemutan check in pesawat sing meh keri gara gara mangkate kawanen sekang jember. esih apal rasane mlayu mlayu pindah terminal neng cengkareng pas transit. lan esih akeh sing kaya tembe winginane.

28 Mei 2012

Ndeleng Srengenge

    
        Esuk-esuk mlaku-mlaku bareng keluarga, ya mboke ya ramane,Fatih, Maryam, Majid mangkat kabeh. Critane wis rong minggu arep dolan maring pantai ora klakon-klakon sebab neng pantai lagi ana balapan motor, lah angger ana acara kaya kiye sing marakna mbebeih, wong biasane karcis mlebu kur 4000 perak ngger ana acara balapan motor mundak dadi 10.000 ngasi 20.000. Eh wingi setu esuk gasik mangkat maring pantai Pasir Padi malah lokete gurung ana sing nunggoni, tapi lawange tetep mbukak, akhire ya mlebu bae Gratis!!!